Kamis, 27 Februari 2014

BEDO BAHASA

Ing ngisor iki, ana tuladhane tembung ing macem-macem basa

  • Bahasa Indonesia: "Maaf, saya mau tanya rumah Kak Budi itu, di mana?"
 
  1. Ngoko kasar: “Eh, aku arep takon, omahé Budi kuwi, nèng ndi?’
  2. Ngoko alus: “Aku nyuwun pirsa, dalemé mas Budi kuwi, nèng endi?”
  3. Ngoko meninggikan diri sendiri: “Aku kersa ndangu, omahé mas Budi kuwi, nèng ndi?” (ini dianggap salah oleh sebagian besar penutur bahasa Jawa karena menggunakan leksikon krama inggil untuk diri sendiri)
  4. Madya: “Nuwun sèwu, kula ajeng tanglet, griyané mas Budi niku, teng pundi?” (ini krama desa (substandar))
  5. Madya alus: “Nuwun sèwu, kula ajeng tanglet, dalemé mas Budi niku, teng pundi?” (ini juga termasuk krama desa (krama substandar))
  6. Krama andhap: “Nuwun sèwu, dalem badhé nyuwun pirsa, dalemipun mas Budi punika, wonten pundi?” (dalem itu sebenarnya pronomina persona kedua, kagungan dalem 'kepunyaanmu'. Jadi ini termasuk tuturan krama yang salah alias krama desa)
  7. Krama lugu: “Nuwun sewu, kula badhé takèn, griyanipun mas Budi punika, wonten pundi?”
  8. Krama alus “Nuwun sewu, kula badhe nyuwun pirsa, dalemipun mas Budi punika, wonten pundi?”

Kapethik saka :
http://id-yo.ayobai.com/2013/02/mengenal-sejarah-bahasa-jawa.html

Rabu, 26 Februari 2014

Ko Ja Se

Pas aku lagi browsing, ndak sengojo aku nemu iki,














Iku grup e wong jowo sak dunyo iki. "Status" e padha nganggo basa krama inggil.
Mugo-mugo iso awet sampek sok.

Poro konco ingkang dereng nggabung, monggo di like fanspage e
https://www.facebook.com/KoJaSe